Sugeng Dinten Ibu, Mama-ku kinasih,
Kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Mama, ingkang sampun nglairaken kula kanthi taruhan nyawa, ngasuh, ndidik, lan nuntun kula kanthi sabar, ikhlas, lan katresnan ingkang tanpa wates. Sedaya pangorbanan Mama punika boten saged kabales dening bandha lan tembung punapa kemawon.
Mugi Gusti Allah SWT tansah paring rahmat, kesehatan, panjang yuswa, lan kekiyatan dhumateng Mama. Mugi saben langkah lan donga Mama tansah dipunijabahi dening Gusti, lan sedaya lelampahan gesang Mama tansah pinaringan tentrem, wilujeng, saha berkah.
Kula ugi nyuwun pangapunten ingkang sanget, bilih kula taksih kathah kalepatan, tumindak lan tembung ingkang nate nglarani manah Mama, kanthi sengaja utawi boten. Mugi Allah paring pangapunten dhumateng kula, lan mugi Mama kersa maringi pangapunten saha ridha dhumateng kula.
Mugi Mama tansah dipunlindhungi Gusti Allah, dipunparingaken panggenan ingkang mulya ing donya lan akhirat, saha dipunparingaken ganjaran surga awit sedaya ketulusan lan pengabdian Mama dhumateng kulawarga. Amin ya Rabbal ‘alamin.
Selamat hari Ibu, mamaku tersayangggg 🩷🩷🩷
LS, KS, S, P - Family

0 Komentar